Narik dayaning srengenge

Heh surya ,ratu pepadanging jagad kang sinung panguwasa dening dzat kang langgeng,
kang nguripi lan ngusak marang sagung dumadi
Sorotna daya panguwasa nira ya panguwasaning dzat kang langgeng,kang nguripi badan
wadagku supaya bagas lan waras.
satuhu .
catatan:
pangesti
kasebut ing nginggil kaucapaken menawi pinuju dede, lan saenipun katindakaken
antawis jam 7.00-9.00

Panulaking sakit untu
bismillah hirrohmanirrohim
kyahi paut,nyai paut sirepen wajaku sirep 3x, dadi sabuwana kabeh.
KK7
Allahhuma lenggah cahya,sarining cahya .nurring cahya.lenggah suksma sejati.
Awas panyuwunku kabul-kabul saking karsaning Allah
laa illaha illallah muhammadar rasullullah.
Syarat : puasa 7 hari
kegunaanya : sekolah & pekerjaan

Dinten wedalan
damel jenang warni 5 abrit ,petak ireng jene lanbaro-baro(katul)
sekar setaman warni 3
jajan pasar 7
kaadep manjing mangilen
"BS Aku caos bebungah wujud dedaharan minangka tanda katresnan.
Aku njaluk sira sakabehe aja pada nganggu gawe.sakabehe godha rencana balekna,
lan bisaa kasembadan kang dadi sedyaku"
12-07-1950

Lata Mao Sadi peparinging Sang Guru Sejati
"Niyatingsun Ametik lata mao sadiiya Panguwasaningsun kang dumunung
ing langit Ingsun."
(pucuking ilat katekuk munggah ing cetak)ingkang perangan sakit kadamu utawi kadilat kanthi
nyabda mekaten :
:Waluyaha sira saka Panguwasaningsun ". 26-12-1949

TOYA 26
kangge mitulungi tiyang sakit keras Lsp
kawacakna kadamokna ing galas mawi kapendetaken sandi lata ingkang dumunung ing cetak
mekatan pujianipun :
Dat tanpa sadu palenggahing rasul,aku njaluk tamba larane si.................................
Osali eling tan kenaning lali,Urip tan kenaning pati,Sekti tan kawoworan,Langgeng tan kenaning owah.
YA____HU_____ EKLAS_____3X
--------------------------------------------------------------------------------------------------------------
TUMI MITU MIWOHO 10-03-1950

Pangesti lebur dosa
Laa illaha illa anta subkanaka inni kuntu mina dzalimin
tegesipun: boten wonten pangeran kejawi hamung tuan piyambak .
duh Suksma Kawekas tuan satuhu Maha suci ,dene kawula ingkang dosa mila
hamung nyuwun pangapunten tuan .

Salalahi alaihi wasalam.
bapa adam dondom-dondom'ibu hawa tata-tata,Ototowah benerna,Banyu mleset balekna
Kula nyuwun pitulungan Gusti ingkang Maha Kuwasa pun-----------------------------------------
nyuwun diparingi mantun kados wingi uni.
badan sakojor lajeng kaborehan ing beras kencur.

Panulake lare ingkang saweg rewel
Duh Suksma Sejati panuntun saha guru kawula ingkang sejati kawula nyuwun lumunturing sih paduka
mugi paduka keparenga paring tuntunan kanthi pepadang paduka dumateng kekasih paduka pun---------
keterangan:
setu jempol suku kadumuk
akad dengkul kadumuk
senin cetik kadumuk
selasa wudel kadumuk
rebo dada kadumuk
kemis kalamenjing(gulu) kadumuk
jumuah sirah kadumuk